Tak Kandani Bro Eneng Kabar, Kabeh POLISI Sak Indonesia Ngelaksanake Operasi Simpatik Candi 2017

Tribratanewspoldajateng.com, Kota Pekalongan – Kabeh POLISI sak Indonesia ngelaksanake “Operasi Simpatik Candi 2017” bareng-bareng. Mulai tanggal 1 Maret sampek 21 Maret 2017 ( 21 dino ).
Makane nek saiki akeh operasi yo ojo kaget karo shok, terus ojo muni-muni “Polisine nggolek2 .. !!!!!
Operasi iku tujuane iso nemoke motormu, motore tonggomu, kancamu, pakdemu, simbahmu seng ilang seng dimaling, sekalian nertibke masyarakat khususe sing anggo motor lan mobil.
Program Operasi Simpatik Candi 2017 iki luweh mentingke kegiatan Preemtive lan Preventive seng didukung penegakan hukum kanggo sing nglanggar aturan lalu lintas, seng marai nyebabke tabrakan, sing nerobos lampu abang.
Operasi Simpatik iki di back up TNI karo POM TNI sak Indonesia. Lha mulai saiki sampekke neng Sedulurmu, Tonggomu, Gurumu, Koncomu, Pacarmu, Dosennmu, supoyo nglengkapi dokumen kendaraane (SIM karo STNK), BPKB ora usah digowo ndak ilang, mending dilebokke Bank utuwo Koperasi wae malah dadi duit..
Kelengkapan kendaraan yo anggo HELM sing standar SNI, Ojo Helm proyek opo sigaran ball mbok enggo. Spion loro kiwo tengen ojo kiwo kabeh ndak koyo wong gendeng. Plat nomere seng biasa wae rasah dibentuk-bentuk sing aneh-aneh, opo meneh ditulisi jenenge mbahmu, mbokmu ndak malah ketok wong Alay utuwo LeBay.
Sing nyopir mobil ojo lali nganggo sabuk pengaman ojo cuman kanggo pajangan. Sing numpak motor roda loro tetep nguripke lampu awan karo bengi, yen lampune pedot ndang ditukokne lampu, nek perlu lampu neon seng gedi ben mantep. Wong tuku Iphone utowo android wae kuat, mosok tuku lampu sepuluh ewu wae aras-arasen.
Wis kewajibane Polisi nyebarke informasi karo masyarakat, ben masyarakat sing anggo motor lan mobil iso tertib lan ora nglanggar aturan lalu lintas sing wis ditetapke karo pemerintah.
[Humas Polres Pekalongan Kota]
Exit mobile version